Jumat, 24 Juni 2016

HP Ketinggalan Kok Ditelpon

*Bejo* nelpon kancane sing  jenenge *Parto,* nanging ora diangkat-angkat. Dadine Bejo trus sms wae.

*Sms sepisan:*
To,  kowe neng ndi?
(Ora ono balesan)

*Sms kaping pindo:*
To, kok ora dibales?
(Yo ora ono balesan)

*Sms kaping telu:*
Parto, kowe nesu yo karo aku ?
(tetep ora ono balesan)

*Sms kaping papat:*
Mas Parto.., yen kowe nesu,, ngomongo karo aku... !!

Mosok soko esuk  aku telp ora mbok angkat?  Aku sms ora mbok bales..?

Aku mung arep ngomong.., HPmu keri neng omahku mau bengi ....... wis ngono HP mu kui  muni terus ket mau.  Koyo wong penting wae kowe kui..!!! 😄😄😄

Tidak ada komentar:

Posting Komentar